• KOMENTAR

    Riki pada AMBULU TROOPERS
    bayyu arif pada KARNAVAL UMUM 2012 HUT RI ke…
    Ananda pada AMBULU TROOPERS
    Budi Konami pada AMBULU TROOPERS
    mifta pada AMBULU TROOPERS
  • ARTIKEL KITA

  • Masukkan alamat surel Anda untuk berlangganan blog ini dan menerima pemberitahuan tulisan-tulisan baru melalui email.

    Bergabung dengan 10 pelanggan lain
  • Kategori

WATU PECAH


 

WATU PECAH

 

Kanggo sopo wae sing dadi warga Ambulu khususe mesti weruh sing jenenge gunung watu pecah. Watu gedhe sing ono nang pucuk gunung tapi bentuk’e wes pecah, mulo iku diarani gunung watu pecah. Ono ugo sing ngarani gunung “kuntul” yo kuwi sing arane manuk werno putih sing seneng nang sawah. Nanging saiki wes jarang nemoni manuk kuwi, yo amargo mungkin kakean diganggu wong golek manuk. Sing jelas gunung kuwi cilik lan ora aktif tapi lumayan indah sing yo dadi simbol kota Ambulu. Nyawang gunung iki rasane pengen munggah mergane pancen ora duwur temen. Gunung iki lumayan gawe olah raga, piknik, kegiatan pecinta alam lan ora lali gawe pacaran kanggo warga Ambulu lan sekitare. Mulai jaman biyen gunung iki alon nanging pasti suasanane berubah. Ora kejobo watu pecah sing tambah  tahun tambah ombo pecahe utowo rengate. Biyen pecahane teko watu siji nang sijine iso dipencoloti nanging saiki ojo nyobak njajal mencolot nyabrang. Mergane jarak pecahe watu siji lan sijine luwih 3 meter.

Gunung iki manfaate akeh lan gedhe kanggo warga Ambulu lan sekitare. Digawe olah raga cocok banget mergane kejobo pemandangane sing apik ugo udarane sing sejuk dicampur angin sing semilir. Kanggo sing hoby petualang utowo pecinta alam yo lumayan. Lha yen kanggo piknik otowo mlaku-mlaku ngelepas stress yo kepenak. Yo kejobo pemandangane sing enak disawang mau ugo murah meriah ora mbayar. Sing nduwe anak bojo yo lumayan ekonomis gawe nglencer. Sing biasa mabok yo lumayan aman lan asyik nang gunung iku. Nah, paling penak maneh yen kanggo pacaran mergane selain murah meriah, suasanane iso nambah romantis banget malah iso-iso bablas sak mesume. Pancen sakdurunge akeh-akehe niat gawe mesum sampek wis akeh lulusane pacaran nang gunung iku dadi lan metenge. Sing nggarai iso nglakoni mesum iku mergo kejobo sepi akeh panggonan sing aman ora iso disawang wong liyo. Mulo iku ojo heran yen pas awak dewe mlaku-mlaku nang gunung nemu kondom utowo perangkat mesum liyone. Mangkane sing duwe anak wedok ati-ati yen wes wani bareng nang gunung karo lawan jenise, wah alamat bakal mesum. Wes akeh kejadian dadi urusan polisi mergo ono sing merkosa arek wedok nang kono. Lha sing ora dadi urusan polisi tambah akeh mestine.

Pancen selain GNI kae, gunung watu pecah iki yo akeh nyimpen kenangan apik lan elek dewe-dewe kanggo warga Ambulu lang sekitare sing tau munggah nang gunung iki. Kanggo sing nang perantauan nambah kangene ati kepingin mulih, opo maneh kanggo sing tau mesum nang kono.

video ambulu soko nduwur watu pecah

foto-foto watu pecah : (dalam proses)

 

bagian dhuwur

 

 

bagian ngisor

 

 

6 Tanggapan

  1. gunung watu pecah 5nk sering digawe pcran 5 nk” ambulu

  2. ngomong2 siapa orang ambulu yang berani ngehack situs nya polri jember? hahha jail amat sich

  3. plis donk….. lw bwt artikel tu isinya yang baek2, jangan dikasih video yang gk pntes bwt dilihat. ok?? ya,, itung2 sdikit menyelamatkan moral anak bangsa terutama arek ambulu.

Tinggalkan Balasan ke chandra Batalkan balasan