• KOMENTAR

    Riki pada AMBULU TROOPERS
    bayyu arif pada KARNAVAL UMUM 2012 HUT RI ke…
    Ananda pada AMBULU TROOPERS
    Budi Konami pada AMBULU TROOPERS
    mifta pada AMBULU TROOPERS
  • ARTIKEL KITA

  • Masukkan alamat surel Anda untuk berlangganan blog ini dan menerima pemberitahuan tulisan-tulisan baru melalui email.

    Bergabung dengan 10 pelanggan lain
  • Kategori

USUM LAYANGAN


LAYANGANKU

Ambulu saiki lagi usum layangan malahan ora layangan sing gawe sambitan wae nanging layangan hias utowo layangan suangan ono maneh sing ngarani layangan bapangan, walah mboh boso ngendi kuwi. Pancen saiki mongsone arang udan lan angin lumayan banter yen wayah isuk nganti parak wengi. Opo maneh bariki wulan Romadhon, yo mandar mugo usum layangan iki nganti wulan poso dadine iso digawe hiburan.

Nanging nang Ambulu iki ora podho karo daerah puger, kasiayan lan  sekitare sing luwih banter angine. Pancen luwih cedak segoro dadine yo lumrah yen masio wengi pancet banter angine, mangkane arek-arek sing seneng layangan nang daerah kuwi iso nganti tengah wengi yen layangan. Lampu hias sing dipasang nang layangan katon kelap-kelip wayah wengi. Nanging masio nang Ambulu cuma wates maghrib angine ora banter arek-arek sing seneng layangan tetep semangat. Amargo iku wes dadi hobby tradisional murah meriah tahunan rakyat cilik. Opo maneh hiburan karnaval ora ono amargo wulan Agustus pas wulan Romadhon. Wulan suci sing di enteni poro umat muslim kabeh.

Opo maneh arek-arek Ambulu kabeh podho kreatif gawe layangan. Ono sing di arani ulo-uloan, lowo-lowoan, kapal,payung,manuk-manuk’an nganti sempak lan liyo-liyane. Iku kabeh iso disawang wayah sore terutama nang kawasan Ambulu kota. Ayo kabeh konco…..rame-rame layangan lan rame-rame poso!

2 Tanggapan

  1. kita kalau mau gabung kemana

Tinggalkan komentar